Seneng Polahe Oleh Sertifikat


Hueheheheh.......aku sueneng rek!! Opo'o polae?? Aku lo ndak nyongko nek aku oleh sertifikat teko YKAI (Yayasan Kesejahteraan Anak Indonesia) gara-gara aku tau melu lomba nulis artikel tentang "Anak Dan Lingkungan Hidup" . Masiyo aku ndak menang, tapi buangga temen rek.
Aku ndak nyongko moro-moro dina Jum'at aku oleh kono'an. Wayahe pelajaran Fisika sing nggarai sirah mlintir, ana guru, yo podo guru Fisika-e, tapi sing sitok iki rada' killer. Yo, maklumlah, wakasek (mandaro tulisan iki ndak diwoco pak iku, payah nek diwoco iki...heheheh) nggowo amplop. Aku yo meneng ae. Trus moro-moro Pak Fisika sing mulang kelasku nyeluk aku. "Unesia..." waduh, ndredeg aku rek. Jarene arek-arek aku kate dipelokno Olimpiade Fisika (aku asline pinter fisika lo rek) tapi mosok se?? nilai fisikaku juarang oleh 6 mendhuwur. Moro-moro pak killer iku masang rai serius karo ngomong "Unesia, kamu buat kesalahan apa?? ini surat panggilan untuk orang tua lho..." walah....??? aku yo kuaget pol!! Aku salah opo?? nyolong dak tau, kawin sek durung?? Opo maneh raine pak killer tambah mengkhawatirkan. Tapi paling Pak Killer iku ndak tego ndelok raiku sing gemeter, akhire ngomong lek aku oleh Sertifikat teko YKAI. Arek-arek langsung bengok-bengok 'cium.....cium....terima..terima' aku isin tapi seneng. Oalah pak...pak....waduuh.....
Iku sing pertama. Aku kan seneng nulis cerpen, la terus aku tau iseng ngirim cerpen nang majalah kesayanganku, ANNIDA. Yo tak pikir aku ndak iro menang lan dimuat, wong sik pemula. Tapi yo moro-moro aku ditelepon saka ANNIDA nek tulisanku kate dimuat nang majalah ANNIDA wulan ngarep. Lo rek, yo'opo kon? tibake aku nduwe bakat rek...hehehe. Lumayan aku oleh honor.
La molai saiki aku tak sregep-sregepno nulis artikel utawa cerpen, beknowo aku iso dadi koyok JK Rowling utawa Agatha Christie.


2 NOv3Mber 2008

Unesia Drajadispa

No comments: