Malang Dadakan (Edisi Suroboyoan)

Hula teman-temoon :D
saiki aku cerito pengalamanku nang kutho Malang dadakan yo! Fotoku seng nampang ndek Pantheon versi loro mbukak isine postingan iki..hahaha :D
SUGENG RAWUH.


Rek, rencana aku lungo nang Malang sakjane ndak onok rencana seng genah, bengi-bengi aku di sms arek (celuk'en ae Heri) kate dijak nontok MTD (Malang Tempo Doloe) seng jarene mek onok setaun sepisan, eman jare. Lah rencana nang Jatim Park 2 iku gak onok, mek ngisi waktu gawe ngenteni bengi. MTD kan bengi reeek :D
Nang Malang sepeda motoran sampek ikune tepos. (ikune wes isien sekarepmu)
Sedinoan nang JP 2 karo MTD  gak nututu sedino, wedi awak kesel kabeh, aku akhire nginep nang kosane arek. Ndak nggowo persiapan opo-opo blas aku. Sumpah.


Aku foto-foto sakkarepe. Molai nang museum satwa sampek nang kewan asline. Kewan asline yo seng tak foto kuro, Soale aku kan mbok-mbokane kuro jare? hehe...

Aku meen :D ketok dukur yo ?

  
Liwat Pandaan, ketemu masjid cinoan Cheng Hoo. Mampir diluk gawe foto-foto :D 


Unesia Drajadispa

No comments: